← Kembali ke kolektif
BABE — Bapangan Bersatu
Kolektif · Bapangan, Pacitan

BABE — Bapangan Bersatu

Kolektif est. 2007 Lawas

Skena bawah tanah Pacitan.

Biografi

Bapangan Bersatu sakmeniko mungkin dadi jeneng sing ora pati kepenak kanggo panjenengan rungokke. Mbokmenawa malah iso dianggep mung gerombolan wong-wong sing ora jelas. Nanging miturut kulo sedoyo, anggapan kuwi kurang pas. Soale kulo kabeh ngumpul wonten mriki amargi pengin berubah... (nanging dudu dadi Power Ranger). Saniki kanca-kanca padha ngumpul mbeto pikiran lan tujuan sing padha. Senajan tujuan niku dereng mesthi panjenengan setujoni, utawa mungkin panjenengan pancen ora gelem diajak maju. Akeh kanca-kanca neng kene sing berkecimpung neng musik, utamane musik kanggo nom-noman. Karya-karyane uga wis ora sithik. Contone Packan Manoex, sing wektu kuwi wis nduweni split album, senajan jumlah rilisane isih winates. Band iki wiwitane diprakarsai Alm. Hargos (vokal), Alm. Jantop (gitar), Dimas (bass), lan Kancil (drum). Personile terus menerus berevolusi, ugo didukung konco-konco seg pernah kecatet melbu yo iku ono Boneng (vokal), lan Sibo (drum). Lan berevolusi meneh ping kaping mboh amergo perjalanan kahanan sing ora iso diprediksi. Nek kepengin nduweni utawa ngrungokke karya Packan Manoex saiki wes available on all digital platforms, utowo hubungi kanca-kanca BABE. Chaos Suwex uga salah siji band andergron sing isih nyekel prinsip "keterbatasan adalah kekuatan." Wiwitane band iki diprakarsai oleh Aguk Monong (vokal), Pitra Bojamin (gitar), Benediktus Troponk (bass), Tegar Ngehe (drum), personil terus berevolusi, bahu membahu, kawan bantu teman, tekane saiki ugo iseh memaksimalkan keterbatasan. Kulo kabeh keinfluence utawa akeh kena pengaruh saka band-band andergron sing kerep dirungokke, lan uga akeh referensi saka urip saben dinane. Sami kadose band-band liyane, tapi kulo namung nggunakke apa sak onone. Wkwkwkwk... PKJ Voice uga band saka kanca-kanca, diprakarsai Katebeh (gitar), Dikar (vokal), lan Ketawil (drum). Band iki mlakune banter lan asyik kanggo sing seneng musik kenceng. Penity geh sami mawon, salah satunggaling band saking rencang-rencang BABE ingkang diprakarsai déning rencang-rencang piyambak. Sakjane isih akeh band lan karya saka kanca-kanca sing durung kasebut siji-siji mergo akeh banget. Kulo kabeh namung nyuwun dukungan. Nek gelem yo matur nuwun, nek ora yo ora popo. Sing penting muga-muga iki isa dadi wiwitan sing apik kanggo kito sedanten.

Jelajahi

Rekaman digital belum tersedia — masternya sedang dikumpulkan untuk Pacitan Raw.